Rabu, 20 Februari 2013

Humor Ala Huda Sarungan

oleh : Dwi Handoko


Humor Ala Huda Sarungan.

Mbah Pardan Milanistie lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku cak Dul Gento tonggo sebelah deso, tapi Mbah Pardan Milanistie gak wani nangkep.
Akhire Mbah Pardan nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih,Mbah Par masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun"
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Mbah Par mulih.
Sisuke Mbah Pardan nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi " pikire Mbah Par.
Mari ngono Mbah Pardan ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Mbah Par maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar